Jumat, 09 Maret 2012

RETORIKA JAWA "PIDATO MEMPERINGATI HARI PAHLAWAN"


Mengeti Dinten Pahlawan
Kanthi tema : Daya Pigunanipun Mengeti Dinten Pahlawan

Assalamualaikum Wr. Wb
Ingkang kula hurmati Bapak Ketua RT 03 Penirejo Matesih. Ingkang kula bekteni Bapak - bapak RT saha ibu-ibu PKK, sarta para rencang Karang Taruna ingkang sami kula tresnani. Minangka pambukaning atur, amrih becikipun sumangga kita sedaya tansah nggunjukaken raos puji dalasan syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah ingkang maha kuwaos, awit saking rahmat, hidayah sarta inayahipun kita sedaya sanged makempal wonten ing Bale Dusun RT 03 RW 07 Penirejo Matesih mriki kanthi kahanan ingkang sae lan sehat mboten wonten kekirangan satunggal punapa.
Kita makempal ing wanci punika saperlu mengeti dinten pahlawan tanggal 10 Nopember 2011. Pahlawan inggih menika tiyang ingkang nggadhahi kathah pahala ing lelabetanipun. Semangat juang para pahlawan menika ingkang kedahipun kita tuladhani, semangat ingkang mboten nate kendhat ing kahanan maneka warna. Semangat juang para pahlawan ugi kedah dados motivasi kita sedaya supados kita saged dados pahlawan wonten ing gesang bebrayan kita, saking lingkup kaluwarga, sekolah, masyarakat nagara lan agama. Kita kedah ngulintenaken sipat ikhlas wonten ing bab menapa kemawon amargi pahlawan menika mboten nggadhahi pamrih tumrap pribadinipun.
Para rawuh ingkang winantun pakurmatan. Kanthi pengetan dinten pahlawan menika sumangga kita sedaya tansah nuladha watakipun para pahlawan ingkang mboten egois, ingkang ateges para pahlawan mboten mirikaken pribadinipun piyambak nanging para pahlawan kanthi rasa ikhlas lila nglawan penjajah supados sanget mardika negarinipun kangge gesangipun putra wayah ing tembe wingkingipun, pahlawan mboten peduli menapa kemawon ingkang dipunkorbanaken awit saking arta, garwa ngantos jiwa lan raganipun lila dipunkorbananken kangge ngrebut kamardikan. Kanthi semboyan kang nrenyuh manah “Merdeka atau Mati”, kanthi semboyan punika kita saged mangertosi lan ngraosaken semangat juangipun para pahlawan. Rasa tresnanipun marang sesami ketingal saking pengorbananipun kalawau, pahlawan tresna marang bangsanipun, tresna marang putra wayahipun pramila para pahlawan kekeh usahanipun ngrebut kamardikan.
Pahlawan menika mboten namung tiyang ingkang tumut nglawan penjajah. Pahlawan ingkang sami gugur ing medan laga sanalika ngrebut kamardikan, para pahlawan menika sampun wangsul dhateng ngarsanipun Gusti Allah, kita sedaya minangka putra-putri bangsa kedah sami ndedonga supados para pahlawan dipunsareaken wonten ing papan ingkang sae ing sisihipun Gusti Allah. Bilih pahlawan ingkang tasih gesang tuladhanipun kathah sanget, para petani menika ugi saged dipunwastani pahlawan amrih para petani kanthi rekasa kringet dleweran, nantang panase srengenge piyambakipun nandur pari ing sabin saperlu supados kita sedaya mboten kekirangan beras bahan pangan pokok. Lajeng tuladha lare ingkang dados pahlawan samenika wonten lare alit taksih SMP ingkang pinter sanged ngantos deweke sanged menang wonten ing olimpiade matematika wonten ing luwar negri, kanthi prestasi menika lare kasebat tansah damel bombonge manah tiyang sepahipun saha lare kasebat ugi mbombongake Negara Indonesia ing kancah internasional.
Seje lare seje malih kaliyan tumaruna, Negara kita menika kathah sanget pemuda lan pemudinipun, awit menika sampun samestinipun para taruna Indonesia sageda mbombongaken Negara amargi majengipun Negara gumantung wonten ing pundhakipun para taruna, dene ingkang saged dipunsebat pahlawan taruna tuladhanipun para muda-mudi Indonesia ingkang kala wingi sampun nglampahi SEA GAMES 2011 ingkang kaping 26, mapan ing Indonesia, para muda-mudi Indonesia mbombongaken sanged tumrap bangsa umumipun, amargi kathah ingkang sami angsal medali emas ingkang samangke ndadosaken Indonesia minangka juara umum ajang olahraga paling ageng wonten ing kawasan Asia Tenggara menika. Bilih tuladhanipun pahlawan wanita inggih menika R.A Kartini ingkang sampun nuntut wontenipun emansipasi wanita, wanita kedahipun saged sakdrajat kaliyan para priya, wait menika R.A Kartini dipunsebat pahlawanipun wanita.
Para rawuh ingkang bagya mulya. Kita tansah nyumerepi bilih para ibu saged ugi dipunsebat pahlawan, ibu menika sampun rekaos ngurus bale wisma, nggulawentah putra-putrinipun supados dados tiyang ingkang migunani tumrap bangsa nagara lan agama. Dene tuladhanipun pahlawan priya kathah sanget, saking pahlawan ing jaman perang ugi pahlawan wonten ing bale wisma inggih menika bapak, bapak menika ugi kasebat pahlawan amargi bapak menika tanggel jawabipun ageng sanged, pados nafkah kangge ragatipun putra-putrinipun sekolah lan kathah malih tugas awrat ingkang dados tanggel jawabipun bapak.
Para rawuh ingkang kula hurmati, masyarakat samenika sumerepipun bilih pahlawan inggih menika tiyang ingkang kala rumiyin tumut perang ngrebut kamardikan nglawan para penjajah. Pancen bab menika mboten klentu, ananging ing jaman samenika nagari kita Indonesia sampun mardika, lajeng menapa sampun mboten enten malih ingkang dipunsebat pahlawan? Tuladha ing nginggil kalawau ugi saged mangsuli pitaken menika. Pahlawan menika wonten ing babagan warni-warni, wonten ing pendhidhikan guru kasebat pahlawan tanpa tanda jasa, amargi guru menika nggulawentah murid-muridipun supados dados lare ingkang pinter kangge sangu gesangipun ing tembe wingking. Dipunwastani tanpa tanda jasa amargi ing panganggenipun guru mboten mawi tanda bintang utawi pangkat kadosdene polisi utawi tentara. Bilih ing babagan medis utawi kesehatan ingkang dipunsebat pahlawan menika dokter, piyambakipun sanged nambani pasien-pasienipun ingkang nandang lelara. Lan taksih kathah sanget tuladhanipun pahlawan ing babagan sanes-sanesipun
Para tamu kinurmatan, saben jaman, saben papan saben pakaryan mbetahaken pahlawan. tiyang ingkang kagungan watak kepahlawanan, kendhel, ikhlas tanpa pamrih. Mila mekaten kanthi pengetan dinten pahlawan punika mugi-mugi kita sedaya kasentak semangatipun supados dados pahlawan wonten ing papan ingkang kita enggeni, dados pahlawan wonten ing jaman ingkang kita lampahi lan ugi dados pahlawan wonten ing pakaryan kita sami.
Mekaten para rawuh bapak saha ibu ingkang kinurmatan, sarta para rencang ingkang bagya mulya, sakedhik ingkang saged kula aturaken. Mugi wonten paedahipun tumrap kita sedaya. Menyang Jepara tuku ketan, nyuwun pangapura sedaya kalepatan.
Wabillahi taufik wal hidayah, wa riddho wa innayah.
Wassalamualaikum Wr. Wb

2 komentar: