Jumat, 09 Maret 2012

Artikel Gedung Wayang Wong Sriwedari


Pagelaran Wayang Wong Sriwedari
dipunkalahaken dening Hiburan Modern

Taman Sriwedari punika kompleks taman wonten ing kecamatan Laweyan, Surakarta. Wiwit era pakubuwana X, Taman Sriwedari dados panggenan dipunselenggarakaken tradisi hiburan wanci dalu “malam selikuran”

Kahanan Wayang wong Sriwedari Solo, samenika saya mrihatosaken. Sanes amargi pamiyarsanipun ingkang mboten nate ngebaki saben wonten pagelaran, nanging kesanipun dados kesenian ingkang nate dados indikator bilih Solo menika pusatipun kabudayan Jawa sampun mboten katingal mallih. Sanadyan saben dalu kagelaraken pentas wayang wong, nanging swasananipun sami kemawon. Lajeng kados pundi peranipun pamerintah Solo salaku pihak pengelola?
Sepinipun ingkang mirsani dadosaken kesenian wayang wong Sriwedari nggegirisi, badhe kagusur kawontenanipun. Wonten ing pagelaran wayang wong Sriwedari namung wonten kirang luwih mboten ngantos separo saking jumlah kursinipun. Kamangka kesenian punika nate ngalami jayanipun wonten ing era 60-an ngantos pertengahan 80-an kanthi jumlah 2000 penonton. Nanging samenika saben wonten pagelaran jumlah pengunjungipun saget dipun etang ngangge driji.
Salah setunggalipun budayawan Solo njlentrehaken sebabipun sepi pengunjung GWO amargi perkembangan kesenian sanesipun ingkang langkung menghibur. Samenika para muda-mudi langkung remen hiburan-hiburan ingkang sipatipun modern, kados ta ningali film wonten ing gedung bioskop. Perkembangan jaman nglairaken maneka warna fasilitas, lajeng dadosaken kesenian wayang wong dipuntilaraken.

Kajaba punika, kualitasipun pagelaran inggih ngalami kemlorotan dibandingaken kaliyan tahun-tahun taksih jaya-jayanipun. Kala rumiyin pemainipun disiplin sanget nglampahaken peran lakonipun, lan malih lakonipun punika taksih manut kaliyan pakem, saben pagelaran durasinipun 4 jam, nanging samenika kirang saking 2 jam kemawon.Penguranganipun durasi dipunlampahaken amargi sepinipun pengunjung, bilih ngangge durasi dangu mangke malah san soyo sekedik ingkang mirsani. Sanadyan dipunsingkat wekdalipun nanging taksih manut kaliyan pakem ingkang wonten. Pelakon wayang wong punika bilih kathah ingkang mirsani pagelaranipun saget semangat anggenipun main, nanging menawi ingkang mirsani sakedik pemainipun nggih aras-aras mainipun. Pemainipun pancen ngalami bosen utawi jeleh nalika pagelaran ingkang dipunmainaken kanthi persiapan namung dipunpirsani dening penonton ingkang mboten langkung 10 piyayi.
Ngenani masalah gaji, saking 85 anggota kelompok wayang wong Sriwedari, 90 persenipun sampun dipunangkat dados Pegawai Negeri Sipil (PNS), sisanipun taksih tenaga honor. Menika kebijakan saking pamarintah ingkang kepengin nyejahterakaken seniman. Saderengipun kebijakan punika mandap, kesejahteraan anggota kelompok wayang wong Sriwedari saget kagolonganaken mrihatosaken.
Mlebetipun pemerintahan bapak Joko Wi, kesejahteraanipun anggota kelompok wayang wong Sriwedari wiwit minggah, sadaya anggota ingkang taksih honorer dipunangkat dados Pegawai Negeri Sipil. Nanging kangge anggota ingkang yuswanipun langkung saking 46 tahun taksih dados anggota honorer. Anggota kelompok kasebat jumlahipun 85 termasuk petugas reresik lan pangrawitipun.
Pemerintah kota Solo pancen sampun dianggep peduli kaliyan masalah kesejahteraan anggota kelompok wayang wong punika, nanging kawigatosanipun pemerintah dhumateng masalah kualitas, dianggep taksih kirang. Punika amargi nampi pegawai ingkang mboten sesuai kaliyan criteria ingkang wonten ing kelompok punika. Pemerintah nampi pegawai amargi mirsani latar belakang pendidikanipun lan singkang wigati lulus tes tertulisipun, pemerintah lajeng mlebetaken wonten ing kelompok wayang wong punika, mboten mirsani punapa nggadhahi bakat ing kesenian wayang wong. Punika salah setunggalipun penyebab kemlorotanipun kualitas pagelaran.

Kirang sosialisasi
Maneka warna cara sampun dipuncobi dening pihak GWO supados menarik pengunjung, salah setunggalipun inggih menika publikasi lewat media-media komunikasi massa. Tuladhanipun koran Solopos lan radio Swara Graha, nanging jumlah pengunjung taksih mboten wonten peningkatan ingkang drastis.
Pemerintah cekap berperan wonten ing bab sosialisasi, nanging taksih sebatas pencantuman GWO Sriwedari wonten ing jurnal-jurnal wisata kota Solo, utawi brosur perjalanan kemawon. Selangkungipun pihak GWO piyambak ingkang usaha kanthi ngundang sekolah-sekolah kados ta SD, SMP, lan SMA. Prekawis punika dipunlampahaken kangge mepangaken kesenian wayang wong dhumateng generasi mudha. Promo lewat media massa kedah ajeg dipunlaksanakaken, nanging pemerintah nggih kedah nambah promosi wonten ing hotel lan biro pariwisata.
Kawigatosanipun pemerintah samenika saya kirang, sesarengan kaliyan kirangipun wigatosanipun masyarakat dening kesenian punika. Kedahipun pemerintah langkung proaktif sosialisasekaken GWO Sriwedari, tuladhanipun kanthi promosi kesenian wayang wong kanthi cara langkung gencar malih. Ingkang wigati nanemaken raos peduli seni dhumateng masyarakat Solo rumiyin. Amargi samenika wisatawan saking njabi naming kathahipun berkunjung ing malem Minggu, dinten-dinten sanesipun sepi sanget.
Pancen mboten gampil ngesangaken GWO malih wonting ing tengah-tengahipun gaya hidup ingkang modern, kadas ta wontenipun bioskop lan kafe-kafe papan ngempalipun para mudha. Nanging kawigatosan lan pitulungan saking pemerintah saget ndadosaken GWO lan seniman-seniman ingkang wonten ing lebetipun pikantuk hak ingkang layak sepadan kaliyan pengabdianipun ingkang sampun dipunparingaken.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar